WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen utawa rumpakan kang surasane saemper cangkriman, kanthi kasebutake batangane, nanging batangane iku ora dijeplosake. batangan iku sok-sok mung nyrempet wandane, malah sok mung sinamar bae.
Adhedhasar pangrakiting basa utawa tetembungane lan wujude, wangsalan kena kagolong-golong dadi papat, yaiku:
- wangsalan bebas, kang lumrahe diaani wangsalan padinan
- wangsalan kang pinatok ing guru wilangan
- wangsalan edi peni
- wangsalan kang sinawung ing tembang
- WANGSALAN BEBAS
- eman temen, isih enom kok njangan gori (gudheg)
- we lha, njanur gunung, kersa tindak mrene (aren)
- ah, bocah mono aja ngrokok cendhak, neges-neges!(tegesan)
- nguneni wong tuwo mono aja nganak cecak! (sawijah)
- wah, mandhan rawa. bareng dandan manglingi. (wlingi)
- kowe iku dhemene ngedom kreteg, ngaku-aku. (paku)
- jenang tela, mas. Rada mathuk. (gethuk)
- kancing gelung munggwing dhadha! titenana! (peniti)
- ora ketang klambi cekak, utang selang daklakoni. (kotang)
- kuwi rak tuwas ngebung kunci! (boros)
- mbok aja mbalung asem, kesusu-susu! (klungsu)
- ba pepet kamar bolah. besus temen kowe Man. (be)
- jenang gula mas. poma aja lali. (glali)
- mbok ora mutra kethek. munyak-munyuk neng ngarepe wong tuwa! (munyuk)
- balung kendhi. dikongkon aja slewengan! (kreweng)
- mbok aja nglemah bengkah. nyela-nyela! (tela)