Rabu, 25 September 2013

Pengertian dan Contoh Wangsalan

WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen utawa rumpakan kang surasane saemper cangkriman, kanthi kasebutake batangane, nanging batangane iku ora dijeplosake. batangan iku sok-sok mung nyrempet wandane, malah sok mung sinamar bae.
Adhedhasar pangrakiting basa utawa tetembungane lan wujude, wangsalan kena kagolong-golong dadi papat, yaiku: 
  1. wangsalan bebas, kang lumrahe diaani wangsalan padinan
  2. wangsalan kang pinatok ing guru wilangan
  3. wangsalan edi peni
  4. wangsalan kang sinawung ing tembang
  • WANGSALAN BEBAS
Wangsalan bebas iku kadhapuk nganggo basa lumrah utawa basa padinan. Tuladhane:
  1. eman temen, isih enom kok njangan gori (gudheg)
  2. we lha, njanur gunung, kersa tindak mrene (aren)
  3. ah, bocah mono aja ngrokok cendhak, neges-neges!(tegesan)
  4. nguneni wong tuwo mono aja nganak cecak! (sawijah)
  5. wah, mandhan rawa. bareng dandan manglingi. (wlingi)
  6. kowe iku dhemene ngedom kreteg, ngaku-aku. (paku)
  7. jenang tela, mas. Rada mathuk. (gethuk)
  8. kancing gelung munggwing dhadha! titenana! (peniti)
  9. ora ketang klambi cekak, utang selang daklakoni. (kotang)
  10. kuwi rak tuwas ngebung kunci! (boros)
  11. mbok aja mbalung asem, kesusu-susu! (klungsu)
  12. ba pepet kamar bolah. besus temen kowe Man. (be)
  13. jenang gula mas. poma aja lali. (glali)
  14. mbok ora mutra kethek. munyak-munyuk neng ngarepe wong tuwa! (munyuk)
  15. balung kendhi. dikongkon aja slewengan! (kreweng)
  16. mbok aja nglemah bengkah. nyela-nyela! (tela)

3 komentar:

  1. Ra cetho gak ono cangkriman tebusan lan batangan e

    BalasHapus
  2. Harrah's Cherokee Casino Resort - MapYRO
    Harrah's 이천 출장샵 Cherokee Casino Resort locations, rates, 안동 출장안마 amenities: expert Cherokee 세종특별자치 출장안마 research, 남원 출장마사지 only at Hotel and Travel Index. Casino 서울특별 출장마사지 and Hotel Council Bluffs

    BalasHapus